Sony Xperia E4 - Ngontrol panggunaan data

background image

Ngontrol panggunaan data

Data iku minangka informasi sing dikirim saka utawa ditampa piranti seluler sampeyan.

Sampeyan bisa nganggo data ing piranti nalika ngakses Internet, mriksa email, dolanan

game, nggunakake aplikasi (kayata Facebook™, Twitter™, lsp) lan liya-liyane. Tugas

layar mburi, kayata sinkronisasi utawa layanan lokasi, uga bisa nganggo data.

Panggunaan data bakal ditagih biaya adhedasar jumlah data sing dikirim lan ditampa

31

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

(megabyte utawa gigabyte), lan bakal ditagih saben panggunaan utawa minangka

bagean paket data.

Nguripake utawa mateni kiriman data

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Panggunan data.

3

Seret tandha geser ing jejere

Lalu lintas data seluler kanggo nguripi utawa mateni

kiriman data.

Nalika kiriman data dipateni, piranti sampeyan isih bisa ngadakake sambungan Wi-Fi® lan

Bluetooth®.

Nyetel tandha bebaya panggunan data

1

Pesthekake lalu lintas data seluler urip.

2

Saka Layar ngarep, tutul .

3

Temokake banjur tutul

Setelan > Panggunan data.

4

Kanggo nyetel tingkatan tandha bebaya, seret garis tandha bebaya menyang

angka sing dikarepake. Sampeyan nampa kabar tandha bebaya nalika cacahing

lalu lintas data nyedhaki tingkatan sing disetel.

Nemtokake wates panggunan data seluler

1

Pesthekake lalu lintas data seluler urip.

2

Saka Layar ngarep, tutul .

3

Temokake banjur tutul

Setelan > Panggunan data.

4

Centhang kothak

Setel watesan data seluler yen durung ditandhani, banjur tutul

OK.

5

Yen arep nemtokake wates panggunan data, seret garis sing gegayutan menyang

angka sing dikarepake.

Nalika panggunan data seluler tekan wates sing ditemtokake, lalu lintas data seluler ing piranti

bakal otomatis mati.

Ngendhalekake panggunan data seluler saben aplikasi

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Panggunan data.

3

Temoakke banjur tutul aplikasi sing dikarepake.

4

Centhang kothak

Watesi data latar mburi.

5

Kanggo ngakses setelan sing luwih kusus kanggo aplikasi kasebut (yen ana), tutul

Deleng setelan aplikasi banjur gaweya owah-owahan sing dikarepake.

Performa saben aplikasi bisa kena pengaruh yen sampeyan ngowahi setelan panggunan data

sing gegandhengan.

Ndeleng data sing dikirim liwat Wi-Fi®

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Panggunan data.

3

Tutul , banjur wenehi tandha kothak

Tampila. panggun. Wi-Fi yen durung

diwenehi tandha.

4

Tutul tab

Wi-Fi.