Sony Xperia E4 - Ngatur konten video

background image

Ngatur konten video

Njupuk katrangan film kanthi manual

1

Pesthekake piranti duwe sambungan data sing aktif.

2

Saka Layar ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul

Film.

3

Seret pinggir kiwa layar menyang tengen kanggo mbukak menu layar ngarep Film,

banjur tlusuri samubarang kategori lan menyang file video sing pengin sampeyan

weruhi katrangane.

4

Tutul terus gambar cilik video kasebut, banjur tutul

Tlusuri info.

5

Ing kolom tlusur, tik tembung kunci kanggo video, banjur tutul tombol konfirmasi

ing papan tombol. Kabeh sing cocog ditampilake ing dhaptar.

6

Pilih kasil tlusur, banjur tutul

Rampung. Wiwit ngundhuh katrangan.

Sampeyan bisa njupuk katrangan babagan video sing lagi mentas ditambahake nalika aplikasi

Film dibukak lan kothak centhang

Angsal rinci video ing ngisore Setelan ditandhani.

Yen katrangan sing diundhuh mau durung bener, telusur maneh nganggo tembung kunci sing

beda.

Mbusak katrangan babagan video

1

Saka Layar ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul

Film.

2

Seret pinggir kiwa layar menyang tengen kanggo mbukak menu layar ngarep Film,

banjur tlusuri samubarang kategori lan menyang file video sing pengin diowahi.

3

Tutul terus gambar cilik video, banjur tutul

Busak info.

Mbusak video

1

Saka layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul

Film.

2

Seret pinggir kiwa layar menyang tengen kanggo mbukak menu layar ngarep Film,

banjur tlusuri samubarang kategori lan menyang file video sing pengin dibusak.

3

Demek terus gambar cilik video, banjur tutul

Busak saka dhaptar sing katon.

4

Tutul

Busak maneh kanggo ngonfirmasi.

95

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.